Piwulang Islam Sajrone Naskah Israrul Ushul

Padriana Ayu Jayanti
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 15 pages)

Abstract

    Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (padrianaayujayanti@gmail.com)   Abstrak Naskah minangka salah sawijine wujud karya sastra tradhisi kang isine bisa menehi gegambaran marang panguripan lan kahanan masyarakat jaman biyen. Naskah Israrul Ushul minangka salah sawijine karya sastra tradhisi kang kagolong Sastra Pesisiran. Laras kaya irah-irahane Israrul Ushul, kang tegese pokok ajaran, naskah iki ngandhut piwulang agama Islam kang dadi pokok sajrone panguripane manungsa sabendinane. Mligine, piwulang kang diandharake sajrone naskah yaiku bab ngenani akhlak, kang nganti saiki isih diwulangake ing sekolah-sekolah lan pesantren-pesantren. Bab kasebut dijalari amarga piwulang akhlak dirasa isih wigati diwulangake lan menehi guna kang akeh kanggo mbentuk kapribadene manungsa. Gayut karo andharan sadurunge, mula bisa dirumusake underane panaliten iki yaiku: (1) Kepriye deskripsi Naskah Israrul Ushul?, (2) Kepriye suntingan teks sajrone Naskha Israrul Ushul?, (3) Kepriye piwulang-piwulang Islam sing tinemu ing sajrone Naskah Israrul Ushul lan sesambungane karo Al-Qur’an lan Hadist?, (4) Apa guna piwulang-piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul?.  Gegayutan karo underane panliten kang wis dirumusake mau, panliten iki kaajab bisa menehi sumbangan tumrap kasusastran Jawa, mligine sastra tradhisi lan bisa nambah kawruh ing babagan piwulang agama Islam. Landhesan teori sajrone panliten iki migunakake prinsip intertekstual kang diandharake dening Kristeva (1986). Kanggo nganalisis kahanan fisik lan kritik teks naskah, panliti nggunakake teori filologi modern kang diandharake dening Purnomo (2007), tujuwan panliten filologi sajrone panliten iki adhedhasar teori Baried (1994), dene kanggo nganalisis isi lan kahanan fisik naskah nggunakake teori hermeneutika saka Ratna (2011). Tintingan tumrap naskah kasebut migunakake metode dheskriptif kualitatif kanthi pamarekan filologi modern. Sumber data klompok sepisan kang digunakake ing panliten yaiku fotokopian Naskah Israrul Ushul kang asale saka Museum Mpu Tantular Sidoarjo, dene sumber data klompok kapindho yaiku Al Qur’an digital versi 2.1 saka Kementrian Keagamaan RI lan terjemahan Hadits Bukhari-Muslim, Ikhtishar Mushthalahu’l Hadits, Fiqh Islam. Data primer kang digunakake yaiku tembung, frasa, klausa lan ukara kang asale saka Naskah Israrul Ushul, Al Qur’an lan Hadits. Dene data sekunder kang digunakake yaiku arupa naskah-naskah, kitab-kitab lan buku-buku agama Islam liyanekang bisa nguwatake pamawas lan panemu sajrone panliten iki. Metode analisis data kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metode deskriptif analisis komparatif. Tata cara kang digunakake kanggo nintingi data yaiku: (a) nindakake panliten filologi kang diwiwiti saka inventarisasi naskah, transliterasi naskah, deskripsi naskah, lan nindakake kritik teks. Sawise iku isi naskah banjur ditafsirake migunakake metode hermeneutik, (b) nintingi data-data intertekstual sajrone Naskah Israrul Ushul, (c) nintingi data-data intertekstual kang ana kitab utawa naskah liya, mligine Al Qur’an lan Hadits, (d) nandhingake data-data intertekstual sajrone naskah, (e) njlentrehake fungsi piwulang sajrone Naskah Israrul Ushul, (f) menehi dudutan saka asiling tintingan data. Saka asiling panliten ngenani deskripsi lan suntingan teks Naskah Israrul Ushul bisa diweruhi kahanan naskah isih cukup apik, samake isih ana nanging kahanane wis rusak lan ora tinulis irah-irahane naskah, perangan ngarep lan mburi naskah kahanane wis rusak ing pinggire, saengga ana perangan kang ora cetha aksarane. Naskah iki dumadi saka 83 kaca, wujude tembang macapat Asmarandana, Durma, Pangkur, Artati lan Sinom kang cacahe 272 pada. Yen digatekake saka pungkasane naskah kang isih ‘nggantung’ isine lan ing perangan mburi katon kecampur naskah liya, mula bisa ditegesi yen ana saperangan kaca ing pungkasane naskah kang ilang lan samak kang dadi samake naskah dudu samak asli naskah. Tulisane naskah apik lan ditulis tangan. Wujud tulisane migunakake aksara Arab basa Jawa (Arab Pegon). Basa kang digunakake yaiku basa Jawa Anyar, basa Kawi, basa Arab lan basa Melayu. Dene asiling panliten ngenani isi Naskah Israrul Ushul bisa dingerteni ana rong piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul yaiku piwulang-piwulang Islam kang arupa prentah utawa dhawuh lan piwulang-piwulang Islam kang arupa wewaler. Piwulang-piwulang Islam kang arupa dhawuh yaiku tumindak-tumindak kang ndadekake manungsa mlebu suwarga arupa akhlakul karimah (mahmudah). Dene piwulang-piwulang Islam kang arupa wewaler yaiku tumindak-tumindak kang ndadekake manungsa mlebu neraka arupa akhlakul mazmumah. Saliyane iku, saka piwulang-piwulang kang diandharake sajrone naskah bisa dingerteni gunane yaiku: (1) nuwuhake nilai agama, (2) nuwuhake rasa tepaslira, (3) mbenerake akidah lan akhlak, (4) ngedohake saka tumindak kang ala.   Kata kunci : Piwulang Islam, Naskah Israrul Ushul, Filologi, Prinsip Intertekstual.

Metrics

  • 220 views
  • 50 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more