Tindak Tutur Ngabari Ing Desa Jurug, Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo

Mar'atus Sholihah
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 12 pages)

Abstract

    MAR’ATUS SHOLIHAH JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA   ABSTRAK             Tindak tutur ngabari minangka tindak tutur kang asring digunakake masyarakat kanggo menehi kabar kabagyan, kasugengan, keslametan, lelayu, katiwasan, lan sapanunggalane. Sasuwene iki jinise tindak tutur ngabari adhedhasar lageyane penutur sarta penanggape mitratutur kanthi landhesan struktur sosial, relasi sosial, lan norma sosial durung ditliti kanthi jeru.                 Undere panliten iki yaiku apa wae jinise tindak tutur ngabari adhedhasar lageyane penutur ing Desa Jurug, Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo lan apa wae jinise tindak tutur ngabari adhedhasar penanggape mitratutur ing Desa Jurug, Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo? Adhedhasar undere panliten, tujuwan panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise tindak tutur ngabari adhedhasar lageyane penutur lan penanggape mitratutur ing Desa Jurug, Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo. Paedah teoretis panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung ngrembakane ilmu pragmatik lan linguistik, dene paedah praktise yaiku kanggo panliti tindak tutur supaya bisa nliti tindak tutur kanthi jangkep sarta bisa dadi bahan wacan sajrone nyinaoni ilmu pragmatik.                 Panliten tindak tutur ngabari iki asipat deskriptif analisis. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur. Dhata sajrone panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan, dene sumber dhatane asale saka cathethan tindak tutur ngabarine warga Desa Jurug, Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo. Tatacara panglumpuke dhata yaiku kanthi metodhe simak. Tatacarane ngandharake dhata kanthi metodhe konteks lan teks, dene tatacara njlentrehake dhata kanthi cara deskriptif.                 Jinise tindak tutur ngabari adhedhasar lageyane penutur kaperang dadi 4, yaiku kanthi cara blaka kang langsung, kanthi cara blaka kang ora langsung, kanthi cara ora blaka kang langsung, lan kanthi cara ora blaka kang ora langsung. Dene jinise tindak tutur ngabari adhedhasar penanggape mitratutur kaperang dadi loro yaiku mitratutur nampa kanthi cara wantah lan mitratutur nampa kanthi cara entar. Cara ngabarine warga kang beda-beda iki dilandhesi struktur sosial, relasi sosial, lan norma sosial. Struktur sosial kaperang dadi 3 yaiku umur, jinis kelamin, lan status ekonomi sosial. Umur kaperang dadi 3 yaiku umur bocah (UB), umur enom (UE), lan umur tuwa (UT). Jinis kelamin kaperang dadi loro yaiku jinis kelamin lanang (JKL) lan jinis kelamin wadon (JKW). Status ekonomi sosial kaperang dadi telu yaiku status ekonomi sosial cendhek (SESC), status ekonomi sosial sedhengan (SESS), lan status ekonomi sosial dhuwur (SESD). Dene relasi sosial kaperang dadi 3 yaiku sesambungan paseduluran, kekancan, lan tangga. Relasi paseduluran kaperang dadi loro yaiku relasi paseduluran cedhak (RPC) lan relasi paseduluran adoh (RPA). Relasi kekancan kaperang dadi loro yaiku relasi kekancan raket (RKR) lan relasi kekancan ora raket (RKO). Relasi tangga kaperang dadi loro yaiku relasi tangga cedhak (RTC) lan relasi tangga adoh (RTA).   Tembung wigati : tindak tutur, ngabari, lageyane penutur, penanggape mitratutur, astruktur sosial, relasi social    

Metrics

  • 132 views
  • 22 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more