Wujud Lan Daya Pigunane Pawadang Ing Tindak Tutur Dol-tinuku

Suci Wati
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 12 pages)

Abstract

Sucirahmaa.watii@gmail.com       ABSTRAK   Pawadan iku mujudake salah sijine tatacarane wong kang guneman antarane wong siji marang liyane kanthi cara ngalusake tutur supaya apa kang dituturake ora nganti nglarani atine liyan kang diajak guneman, ora nganti ketara meksa mitra tutur, ora nganti ngasorake wong kang diajak guneman lan sapanunggalane. Pawadan iki ing panliten manca kanthi nggunakake basa Inggris diarani hedge. Wong jawa nalika guneman ing pasrawungan akeh nggunakake tuturan kang ora langsung. Tujuwane supaya tuturan keprungu luwih alus. Basa pawadan salah sijine wujud tuturan ora langsung kang asring ditemokake ing tuturan nalika wong nindakake guneman. Kanthi landhesan bab kasebut, mula miturut panliten ing babagan pawadan iki narik kawigaten banget kanggo ditliti. Kang dadi underane panliten ing panliten iki, yaiku: (1) kepriye wujude pawadan ing basa jawa ing kadadeyan dol-tinuku?, lan (2) kepriye daya pigunane pawadan ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku?. Dene tujuwan panliten ing panliten iki yaiku supaya meruhi gegambarane kang jangkep, cetha lan objektif ing babagan: (1) wujude pawadan ing basa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku, lan (2) daya pigunane pawadan ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku. Landhesan teori kang digunakake ing panliten iki yaiku babagan wirasabasa kang gegayutan klawan ancangan pragmatik kang digunakake ing panliten iki. Teori pamerange wujud pawadan ing kene nggunakake teorine Subagyo. Lan teori pamerange daya pigunane pawadan ing panliten iki nggunakake teorine Rahardi. Ing panliten iki kalebu panliten kualitatif. Ancangan kang dianggo ing panliten iki yaiku ancangan wirasabasa (pragmatik). Objeke panliten yaiku wujud lan daya pigunane pawadan ing tindak tutur dol-tinuku. Sumber dhata ing panliten iki yaiku tuturan-tuturan utawa gunemane wong kang mawa pawadan ing kadadeyan dol-tinuku. Instrumen dhata kang digawe ing panliten iki yaiku panliti dhewe. Tatacarane ngumpulake dhata ing panliten iki nggunakake metode simak. Panintinge dhata nggunakake analisi sosiolinguistik, etnografi, lan wirasabasa ing basa Jawa. Asile panliten kang ditemokake saka pangumpule lan panafsire dhata, yaiku wujude pawadan ing basa Jawa ana patang jinis, yaiku (1) wujud pawadan tumandang, (2) wujud pawadan pakon tanggap, (3) wujud pawadan sananta, (4) wujud pawadan tandang. Lan daya pigunane pawada ing wirasabasa Jawa ing kadadeyan dol-tinuku ana nem belas jinis, yaiku (1) pawadan kang mawa wirasabasa pakon, (2) pawadan kang mawa wirasabasa pangatag, (3) pawadan kang mawa wirasabasa panjaluk (4) pawadan kang mawa wirasabasa panyuwunan, (5) pawadan kang mawa wirasabasa panjurung, (6) pawadan kang mawa wirasabasa apus krama, (7) pawadan kang mawa wirasabasa pikoleh, (8) pambagya harja, (9) pawadan kang mawa wirasabasa pawadan kang mawa wirasabasa pangajak, (10) pawadan kang mawa wirasabasa palila, (11) pawadan kang mawa wirasabasa pawe palila, (12) pawadan kang mawa wirasabasa pamenging, (13) pawadan kang mawa wirasabasa pangarep-arep, (14) pawadan kang mawa wirasabasa pangundhat-undhat, (15) pawadan kang mawa wirasabasa pamrayoga, (16) pawadan kang mawa wirasabasa panglulu.

Metrics

  • 58 views
  • 17 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more