Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks Lan Studi Intertekstualisme

Amilia Hidayati
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 21 pages)

Abstract

    Amilia Hidayati Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (am3l_1a@yahoo.co.id)       Abstrak   Primbon mujudake salah sijine karyane wong Jawa kang wis ngrembaka ing masyarakat. Sanajan ing jaman moderen, karya kasebut kudu diuri-uri lan digatekake supaya ora ilang ing tembe. Salah sijine cara kanggo nguri-nguri yaiku mangerteni isine naskah kang ana gegayutane karo primbon, kayata ngenani petungan, pethek, lan japa mantra. Naskah kang ana petungan, pethek, lan japa mantra kang bisa ditliti yaiku naskah Primbon Jaelani. Naskah kasebut narik kawigaten kanggo ditliti amarga: sepisan, naskah iki durung ana kang nliti. Kapindho, supaya bisa mangerteni isine, Kaping telu, medharake seseratan kang ana empere yen diwawas lumantar studi intertekstualitas. Gegayutan karo andharan mau, underane panliten sajroning nliti naskah Primbon Jaelani yaiku: (1) Kepriye wujude naskah Primbon Jaelani, (2) Kepriye suntingannaskah Primbon Jaelani, (3) Kepriye intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saka underaning mau, panliten iki nduweni ancas supaya mangerteni wujude naskah Primbon Jaelani, mangerteni suntingan teks sajroning naskah Primbon Jaelani, lan mangerteni intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Saliyane iku, Panliten iki kaajab bisaa menehi kawruh marang pamaosngenani karya sastra kang nggunakake teori filologilansupaya pamaos mangerteni intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer. Primbon kontemporer kang bakal digunakake sajroning panliten yaiku Primbon Betaljemur Adammakna. Primbon kasebut diarani primbon kontemporer amarga primbone isih digunakake dening bebrayan Jawa. Primbon Betaljemur Adammakna wujude wis dadi buku. Primbon kasebut digunaake kanggo studi intertekstualitas amarga primbone mujudake primbon kang dipercaya dening bebrayan lan nganti medharake 55 edhisi ing taun 2005 kepungkur. Ancangan kang digunakake sajroning panliten ancangan deskriptif kualitatif. Ancangan deskriptif kualitatif, diajab bisa mujudake gegambarane naskahPrimbon Jaelani. Panliten iki nggunakake uga nggunakake tintingan filologi. Kanggo ngandharake suntingan teks, panliten nggunakake filologi moderen supaya bisa ngritik teks lan menehi komentar. Suntingan teks kalaksanan kanthi nggunakake kawruh, kamus, lan buku. Sajroning panliten iki, metode kang digunakake yaiku metode hermeneutika,kanthi metode kasebut, panliten diajab bisa menehi gambaran kang cetha lan objektif ngenani petungan, pethek, lan japa mantra. Prinsip intertekstualitas digunakake kanggo nggayutake lan nandhingake naskah Primbon Jaelani klawan primbon kontemporer, yaiku Primbon Betaljemur Adammakna. Dhata sajroning panliten iki, awujud naskah Primbon Jaelani kang sadurunge ditransliterasi saka aksara Jawa marang aksara Latin. Dhata kang mligi sajroning panliten iku yaiku arupa dhata kang ngenani petungan, pethek, lan japa mantra. Wujude dhata ing panliten iki yaiku tembang lan gancaran. Tembang ing naskah Primbon Jaelani yaiku tembang Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi.                 Saka andharan asiling panliten, bisa didudut asil tetelu kang selaras karo underane panliten. naskahPrimbon Jaelani ing perangan ngarep wujude tembang lan perangan mburi wujude yaiku gancaran. Tembang sajroning naskah ana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Sajroning tembang uga ana kang ngenani japa mantra kanggo wong lara lan kanggo nambani bocah sawanen. Gancaran sajroning naskah Primbon Jaelani yaiku ngenani petungan lan pethek. Suntingan teks sajroning panliten, ana telung tembang yaiku Dhandhanggula, Sinom, lan Kinanthi. Tembang digunakake sajroning panliten amarga akeh tembung kang narik kawigaten kanggo ditliti, kayata tembung Kawi lan Arab. Tembung Kawi disunting supaya mangerteni makna sajroning tembung kasebut. Tembung Arab disunting supaya mangerteni tulisan kang bener. Intertekstualitas naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana kang diarani afirmasi lannegasi. Afirmasi sajroning studi intertekstualitas ana pitu, yaiku ngenai wateke manungsa miturut neptu, wateke manungsa miturut mangsa, pethek barang kang ilang/ ketemu, wong kang nyolong, paraning durjana, wong lara lan pati. Negasi naskah Primbon Jaelani klawan Primbon Betaljemur Adammakna ana lima, yaiku ngenani wateke manungsa miturut mangsa, pitungan rabi, petheke wong kang nyolong barang, wong lara lan pati. Sajroning NPJ ana rong perangan kang ngenani wateke manungsa miturut wuku lan japa mantra kanggo nambani wong lara ora ditemokake ing sajrone Primbon Betaljemur Adammakna. Intertekstualitas ngenani seratan NPJ klawan PBA, NPJ luwih dhisik anggone ngripta tinimbang PBA, amarga pangripta NPJ lair ing taun 1729. Bisa dikira-kira yen panjenengane nyerat naskah ing umur 25-an, yaiku ing taun 1754, nanging PBA kang digawe pathokan yaiku ing laire Sultan Hamengku Buwana VI yaikuk ing taun 1821. Pambeda taun kasebut yaiku taun 1754 klawan taun 1821. Pambedane ana 67 taun.  

Metrics

  • 86 views
  • 64 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more