Wujud Lan Daya Pigunane Pawadan Basa Jawa Ing Pasrawungan

Malip Malip
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 10 pages)

Abstract

    MALIP PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA   Abstrak Pawadan iku asale saka tembung awad kang tegese kandha ora nyata mung digawe santholan. Banjur pawadan dhewe nduweni teges salah sijine cara utawa tatacarane wong sing guneman marang wong liya supaya katon alus, ora nglarani ati, ora meksa lan ora ngasorake. Pawadan iku narik kawigaten kanggo ditliti, amarga pawadan iku kerep digunakake manungsa nalika sesrawungan. Sing dadi underane panliten iki, yaiku: (i) kepriye wujude pawadan basa Jawa ing pasrawungan? lan (ii) kepriye daya pigunane pawadan basa Jawa ing pasrawungan. Dene tujuwane panliten yaiku (i) njlentrehake wujude pawadan lan (ii) njlentrehake daya pigunane pawadan basa Jawa ing pasrawungan.  Pentinge panliten iki sacara teoritis apadene praktis. Sacara teoritis panliten iki bisa menehi sumbangsih pangerti lan topik kajian ing babagan polaning basa Jawa. Sacara praktis, asiling panliten iki bisa digunakake kanggo ngarahake wong sing nggunakake basa Jawa ing sajrone basa sacara etis utawa pacelathon kang manut ing tatakrama. Panliten iki katintingan kanthi pragmatik. Gegayutan karo tintingan kasebut, kaandharake konsep lan teori yaiku (i) tindak tutur, (ii) tatakramane basa, (iii) pawadan, (iv) wujud pawadan ing wirasabasa, (v) daya pigunaning pawadan ing wirasabasa.                 Teori sing digunakake ing panliten iki, sing sepisan yaiku saka Alwi (1993: 352) lan Subagyo (2009: 201). Teori saka Alwi lan Subagyo didadekake  dhasar kanggo nintingi wujud pawadan ing wirasabasa. Kaloro panliti iku ngandharake yen cakrik sing ana ing titi ukara mujudake jinising ukara, banjur cakrik sing ana ing titi ukara kasebut sabanjure diarani wujud pawadan. Teori kaloro sing digunakake kanggo nintingi daya pigunane pawadan yaiku saka Rahardi. Rahardi (2005:93) nemokake pitulas macem wirasabasa sing ana ing imperatif. Pitulas wirasabasa ing imperatif iku banjur bisa digunakake kanggo nliti daya pigunane pawadan basa Jawa sing dhatane dijupuk saka pasrawungan. Makna pragmatik sing ana ing imperatif cacahe pitulas iku, mung ditemokake limalas daya pigunane pawadan. Panliten iki kalebu panliten kualitatif sing gayutan karo tintingan  pragmatik. Sumber dhata ing panliten iki yaiku masyarakat Jawa sing nggunakake pawadan nalika sesrawungan. Dhata ing panliten iki yaiku kabeh tuturan basa Jawa sing dianggo sesrawungan ing masyarakat mligine sing mawa pawadan. Instrumen utawa alat pangumpulane dhata sing utama yaiku panliti dhewe. Tata cara ngumpulake dhata sajrone panliten iki nggunakake metode nyemak. Teknik sing digunakake sing sepisan yaiku teknik sadap minangka teknik dhasar lan sing kaloro teknik nyemak libat cakap, teknik nyemak bebas libat cakap lan teknik nyathet minangka teknik lanjutan. cara nganalisis dhatane nggunakake metode etnografis, metode fenomenologis lan metode hermeneutis. Asile panliten iki yaiku wujud lan daya pigunane pawadan basa Jawa ing pasrawungan. Wujud pawadan sing ana ing panliten iki ana papat, yaiku (i) pawadan tumandang (ii) pawadan pakon tanggap (iii) pawadan sananta sarta (iv) pawada tandang. Dene daya pigunane pawadan sing ana ing panliten iki ana limalas yaiku (i) tuturan sing mawa wirasabasa pakon, (ii) tuturan sing mawa wirasabasa pangatak, (iii) tuturan sing mawa wirasabasa panyuwun, (iv) tuturan sing mawa wirasabasa panjaluk, (v) tuturan sing mawa wirasabasa panjurung, (vi) tuturan sing mawa wirasabasa apus krama, (vii) tuturan sing mawa wirasabasa pambagya harja, (viii) tuturan sing mawa wirasabasa pangajak, (ix) tuturan sing mawa wirasabasa palila, (x) Tuturan sing mawa wirasabasa awe palila (xi) tuturan sing mawa wirasabasa pamenging, (xii) tuturan sing mawa wirasabasa pangarep-arep, (xiii) tuturan sing mawa wirasabasa slamet, (xiv) tuturan sing mawa wirasabasa  pamrayoga, sarta (xv) tuturan sing mawa wirasabasa panglulu.

Metrics

  • 116 views
  • 25 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more