Wujud Lan Isi Crita Nabi Musa Ing Serat Ambya (Tintingan Filologi)

Respati Retno Utami
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 9 pages)

Abstract

RESPATI RETNO UTAMI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Rezzpatiee@gmail.com Abstrak Naskah iku tulisan tangan kang nyimpen sawernaning pamikiran lan rasa pangrasa minangka asiling budaya bangsa jaman biyen. Naskah minangka sawijining karya sastra kang arupa sastra tulis ngemot perangan-perangane kabudayan Hindu, Budha, Islam, Kristen, lan uga budaya asing. Budaya-budaya kasebut campur bawur dadi siji nyawiji dadi sawijining gegambaraning kahanan sosial budaya kang ana ing jamane dhewe-dhewe. Naskah Serat Ambya iki minangka serat kang narik kawigaten kanggo ditliti, amarga mujudake serat kang nyritakake babagan Nabi kang adedhasar Kitab Suci. Naskah kasebut dianggep minangka Kitab kang sakral lan ngandhut pitutur luhur kaya dene Al Qur’an. Gegayutan karo andharan mau underaning panliten iki yaiku: (1) Kepriye andharan ngenani Serat Ambya, (2) Kepriye suntingan teks sajrone Serat Ambya mligine episode Nabi Musa, (3) Kepriye struktur naratif sajrone Serat Ambya, (4) Kepriye nilai filosofis kang kinandhut jroning episode Nabi Musa. Adhedhasar underaning panliten kadudut ancasing panliten kaya mengkene: (1) Ngandharake deskripsi naskah Serat Ambya, (2) Ngandharake suntingan teks sajrone Serat Ambya mligine episode Nabi Musa, (3) Ngandharake struktur naratif sajrone Serat Ambya, (4) Ngandharake nilai filosofis kang kinandhut sajrone episode Nabi Musa. Panliten iki diajab bisa menehi paedah, paedah panliten iki kaperang dadi loro yaiku: (1) Paedah Teoritis ing panliten iki yaiku supaya menehi sumbangsing marang teori filsafat kang dicakake jroning karya sastra lawas. Saliyane iku uga mbuktekake yen antarane teori filsafat lan teori sastra pancen nduweni gayutan kang raket. (2) Paedah Praktis ing panliten iki yaiku paedah kang dirasakake dening panliti, pamaos, lan masyarakat kang bisa ndudut nilai lan pitutur becik kang kinandhut sajrone Serat Ambya kasebut. Metode kang digunakake ing panliten iki ana telu, yaiku metode deskriptif kualitatif, metode heuristik, lan kang pungkasan metode hermeneutika. Metode kang dicakake ing panliten iki ana telu amarga teori kang digunakake kanggo mbedhah karya sastra lawas iki ana papat yaiku filologi, filsafat, lan teori struktur lan hermeneutik. Metode deskriptif kualitatif digunakake kanggo ndeskripsikake kepriye wujude NSA kasebut. Metode heuristik digunakake kanggo nindakake kagiyatan maca supaya bisa nemtokake isine NSA. Banjur kang pungkasan metode hermeneutika digunakake kanggo nafsirake nilai filosofis kang kinandhut jroning simbol-simbol ing NSA mligine episode crita Nabi Musa. Asiling panliten bisa didudut telung perangan lan laras karo underaning panliten. Dudutan kapisan pranyata Serat Ambya kasebut nduweni katrangan kang jangkep ngenani identitas naskah, jinising tulisan naskah apik, cacahe kacane naskah iku jangkep, lan basane naskah nggunakake basa jawa anyar kang bisa dimangerteni kanthi cetha. Dudutan kang kaping pindho ngenani suntingan teks, kesalahan kang dumadi ing naskah kasebut ora akeh, mung kesalahan ing bab kaidah panulisan lawas kang wis beda karo kaidah panulisan jaman saiki. Paugerane tembang umume wis laras karo paugeran kang trep, amarga Naskah kasebut wis awujud gubahan saka naskah pesisiran menyang naskah kraton. Dudutan kang kaping telu ngenani struktur naratif NSA kaperang jroning episode crita wiwit Nabi Adam nganti tumeka Nabi Muhammad lan uga Prabu Jayabaya. Saben episode-episode ing crita kasebut kaperang maneh menyang sekuen-sekuen kang ngandharake tema-tema saben episode. Dudutan kang kaping pungkasan ngenani nilai filosofis kang kinandhut jroning pitung simbol kang tinemu ing episode crita Nabi Musa. Nilai-nilai kasebut yaiku; (1) nilai filosofise wong sabar (2) nilai filosofise percaya yen kabecikan tansah menang (3) nilai filosofise ngucap syukur (4) nilai filosofise bekti marang wong tuwa (5) nilai filosofise kadurjanan bakale tansah konangan (6) nilai filosofise upaya kanggo nyinaoni ngelmu gaib (7) nilai filosofise nampa kematian. Nilai kasebut kang kudu dituladhani dening para pamaos kang gelem ngrenungake samubarang kang sinurat lan sumirat saben tetembungan kang karonce jroning karya sastra.

Metrics

  • 180 views
  • 26 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more