Ujub Slametan Sajrone Siklus Panguripan Ing Desa Gedangan Kecamatan Karangrejo Kabupaten Tulungagung (Tintingan Wujud Lan Idealisme Nilai Budaya Jawa)

Ratih Swandayani
Journal article Jurnal Online Baradha • 2013

Download full text
(Bahasa Indonesia, 14 pages)

Abstract

RATIH SWANDAYANI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA   Abstrak Ujub mono awujud basa kang diucapake dening tukang ngajatake slametan sawise saperangan asahan utawa sajen utawa ambeng kang wis cumawis miturut niyat kajate slametan. Sanajan ing jaman modern, nanging masyarakat desa Gedangan kecamatan Karangrejo kabupaten Tulungagung, isih tumemen anggone ngugemi tradhisi ujub kanthi urut lan jangkep. Panliten iki kadhapuk karana pepinginane panliti kanggo mbiyantu nguri-uri kabudayan Jawa ing desa Gedangan mligine. Tradhisi ujub iki, ditintingi nggunakake tintingan wujud lan idealisme nilai budaya Jawa, yaiku karakteristik idealistis nilai religius Jawa, karakteristik idealistis nilai filosofis Jawa, karakteristik idealistis nilai etis Jawa, lan karakteristik idealistis nilai estetis Jawa. Underane sajrone panliten iki, yaiku (1) kepriye wujud ujub sajrone slametan siklus panguripan, lan (2) kepriye idealisme nilai budaya Jawa sajrone ujub slametan ing siklus panguripan. Adhedhasar underane panliten kasebut, panliti nduweni tujuwan (1) njlentrehake wujude ujub sajrone slametan siklus panguripan, lan (2) njlentrehake idealisme nilai budaya Jawa sajrone ujub slametan ing siklus panguripan. Saka asile panliten iki dikarepake bisa menehi kawruh lan gegambaran ngenani ujub slametan sajrone siklus panguripan ing desa Gedangan kecamatan Karangrejo kabupaten Tulungagung, bisa kanggo nglestarekake tradhisi Jawa ngenani slametan sajrone siklus panguripan wiwit lair nganti tumekane pati, uga panliten iki minangka dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Gedangan ngenani tradhisi lan budaya Jawa kang isih diuri-uri, lan  dikarepake bisa menehi motivasi marang panliti liyane supaya nindakake panliten sabanjure. Kanggo ngonceki underane panliten sajrone tradhisi ujub, nggunakake konsep-konsep kang ana gegayutane karo panliten, yaiku konsep-konsep kang ngandharake konsep kabudayan lan konsep adat lan tradhisi miturut panemune Koentjaraningrat, lan konsep nilai budaya. Konsep ngenani nilai religius, filosofis, etis nggunakake panemune Saryono. Konsep nilai estetis nggunakake panemune Padmosoekotjo ngenani tatanane tembung-tembung ing kasusastran Jawa. Panaliten iki nggunakake ancangan deskriptif kualitatif, kanthi data kang diasilake awujud data lesan lan dhokumentasi. Data lesan awujud asil wawancara kang ditranskripsi lan dhokumentasi foto-foto ambeng utawa sajen kang digunakake sajrone slametan. Panliten iki nggunakake teknik observasi, wawancara, dhokumentasi, rekam, lan transkripsi. Asile saka panliten, yaiku nganalisis wujud basa ujub saka asil wawancara informan, banjur ditranskripsi. Sadurunge nindakake wawancara ujube slametan lan katrangan-katrangan kang gegayutan ngenani ujub lan slametan, panliti nyathet slametan-slametan apa wae kang umume ditindakake masyarakat desa Gedangan wiwit slametan klairan nganti slametan wong ninggal donya. Banjur asil wawancara kang isih asli basane ditata, lan didadekake materi kanggo panliten kang njlentrehake ngenani nilai-nilai kang kinandhut sajrone basa ujub mau. Adhedhasar basa ujub, dipikolehi nilai-nilai religius, filosofis, etis, lan estetis. Nilai religius kang ana ing tradhisi ujub, yaiku nilai kaslametan lan kasampurnan. Nilai kaslametan dumadi karana anane nilai kaimanan lan nilai katakwaan. Nilai kasampurnan dumadi karana anane nilai kawaskitan. Nilai filosofis sajrone tradhisi ujub antarane, nilai kamapanan, nilai kaselarasan, lan nilai bebarengan. Nilai kamapanan dumadi karana anane nilai pepesthen lan nilai katumatan. Nilai kaselarsan dumadi karana anane nilai karukunan, nilai pakurmatan, lan nilai kaagungan. Nilai bebarengan dumadi karana anane nilai kaluwargan lan nilai katentreman. Banjur nilai etis kang kinandhut sajrone tradhisi ujub, yaiku nilai kawicaksanan lan nilai kawelasasihan. Nilai kawicaksanan dumadi karana anane nilai kamengerten lan nilai kaandhapasoran. Dene, nilai kawelasasihan dumadi karana anane nilai katresnan, nilai nguwongake, lan  nilai ngayomi. Pungkasan, nilai estetis kang ana ing tradhisi ujub nggunakake tatanane tembung-tembung kasusatran Jawa, antarane yaiku tembung saroja, tembung camboran wutuh, tembung entar, dasanama, pepindhan, lan purwakanthi, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa (lumaksita).

Metrics

  • 175 views
  • 174 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more