Tradhisi Slametan Kelahiran Bayi Ing Desa Bediwetan Kecamatan Bungkal Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Fungsi, Pamawas, Lan Owah Gingsir)

Muh Jauhari
Journal article Jurnal Online Baradha • 2014

Download full text
(Bahasa Indonesia, 21 pages)

Abstract

Tradhisi minangka sawijine kabudayan saka asiling daya cipta, rasa, lan karsane manungsa. Salah sawijine wujud kabudayan yaiku Tradhisi Slametan Kelairan Bayi. Sajrone TSKB ana wujude uba rampe lan tata laku kang nduweni makna kang gegayutan karo filsafat Jawa. Ora saben wong paham lan ngerti ngenani makna kang kinandhut sajrone uba rampe lan tata laku. Simbol-simbol kang kinandhut sajrone tradhisi nduweni makna kang luhur gegayutan karo urip bebrayan lan karaktere masyarakat Jawa. Saliyane iku, TSKB uga nduweni piguna saengga tetep diugemi dening masyarakat. Tradhisi kasebut uga mujudake kabudayan kang dinamis lan ngalami owah gingsir. Alasan kasebut narik kawigaten saengga ditindakake panliten iki. Bab kang dadi undering panliten, yaiku (1) kena ngapa masyarakat ing Desa Bediwetan, Kecamatan Bungkal, Kabupaten Ponorogo nindakake TSKB, (2) kepriye wujude tata laku, uba rampe, lan maknane, (3) apa pigunane TSKB, (4) kepriye panemu lan pamawase masyarakat, lan (5) kepriye owah gingsire TSKB. Adhedhasar undering panliten kasebut, mula tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake undering panliten. Dene paedah saka panliten iki yaiku menehi gegambaran ngenani apa kang sinebut ing undering panliten. Kanggo ngudhari apa kang ana ing undering panliten, mula digunakake teori folklor andharane Dananjaja kanggo ngudhari wujude TSKB lan teori hermeneutik Paul Ricoeur kanggo nafsirake makna uba rampe lan tata laku sarta teori Pierce ngenani semiotik kanggo nafsirake simbol kang ana ing TSKB. Kanggo ngudhari pigunane kabudayan digunakake teorine Bascom. Saliyane iku, kanggo nintingi pigunane TSKB mula digunakake teori Merton ngenani fungsi lan disfungsi kabudayan. Sabanjure nggunakake teorine Iser ngenani resepsi lan panemune masyarakat ngenani TSKB. Owah gingsire TSKB bakal diudhari manut andharane Koentjaraningrat ngenani owah-owahane kabudayan. Panliten iki nggunakake ancangan kualitatif. Metodhe lan teknik pangumpulane dhata kang digunakake yaiku observasi, wawancara, dhokumentasi, lan kuesioner. Tata carane ngolah lan nganalisis dhata yaiku nindakake transkrip dhata, nggolongake lan nyocogake dhata karo panliten, ngandharake dhata adhedhasar undering panliten, lan menehi dudutan saka asiling panliten. TSKB ditindakake dening masyarakat jalaran, (1) mujudake tradhisi warisan, (2) mujudake karakter lan sipate masyarakat Jawa, lan (3) slametan minangka sawijining ngibadah. Uba rampene awujud buceng lanang, buceng wadon, jenang abang jenang putih, ingkung, lawuh-lawuhan, iwel-iwel, geneman neptu, lan jajanan pasar. Tata lakune yaiku awujud mendhem ari-ari, gendurenan, kekahan, diba’an, lan nyukur rambute bayi. Uba rampe lan tata laku kasebut nduweni makna kang luhur kang disimbolake ing wujud panganan lan tindakan. TSKB nduweni piguna, yaiku (1) minangka sistem proyeksi, (2) sarana pendhidhikan babagan agama, babagan tata krama (karakter pribadi), lan babagan sosial, lan (3) minangka sistem kontrol. Panampane masyarakat ngenani TSKB kaperang dadi loro yaiku masyarakat kang sarujuk lan masyarakat kang ora sarujuk. Saka panampane masyarakat kasebut uga bisa diweruhi fungsi (manifes lan laten) lan disfungsi kabudayan. TSKB ing biyen lan saiki tamtune wis beda jalaran masyarakat minangka panyengkuyunge kabudayan uga wis beda. Beda-bedane iku bisa dideleng ing babagan uba rampe, tata laku, lan piranti panyengkuyunge. Faktor saka njero kang njalari owah gingsire TSKB yaiku discovery lan invention, dene faktor saka njaba yaiku difusi lan akulturasi.  

Metrics

  • 87 views
  • 33 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more