Wernane Basa Slang Panjak Ing Kecamatan Nganjuk Kabupaten Nganjuk (Tintingan Sosiolinguistik)

Sri Hapsari P.
Journal article Jurnal Online Baradha • 2014

Download full text
(Bahasa Indonesia, 11 pages)

Abstract

    ABSTRAK     Analisis tumrap sawijining kajian sosiolinguistik wus asring ditindhakake ing panliten sadurunge. wernane  basa slang panjak  ing kecamatan nganjuk kabupaten nganjuk kalebu sawijining panliten kang nggunakake kajian sosiolinguistik, awit duweni gegayutan karo kahanan masyarakat. Bab kang njalari nliti perkara iki yaiku kaanan kang sinandhang dening basa Panjak mligine ing wewengkon Nganjuk. Basa iki bisa kagolongake slang. Basa Panjak iki prelu antuk kawigaten sacukupe, awit durung akeh pamarsudi kang nganakake panliten ngenani basa iki. Objek panliten iki yaiku “wernane basa Panjak”. Panliten iki ngrembug babagan kepriye wujud basa slang panjak kecamatan Nganjuk Kabupaten Nganjuk? Kepriye pola pambangune basa slang panjak kecamatan Nganjuk Kabupaten Nganjuk? Apa bae tema kang kinandhut ing komunikasi basa slangpanjak kecamatan Nganjuk kabupaten Nganjuk? Basa ora bakal ngrembaka tanpa campur tangane tanpa manungsa. Basa minangka ungkapan pikiran lan perasaan. Umume basa bisa nyingkap kanthi gamblang lan langsung apa kang tuwuh sajroning batine manungsa.  Ing saben waktu manungsa nganakake kagiatan kang diarani komunikasi kang ditindakake ing antarane mawa basa, amarga basa minangka sarana komunikasi kang utama. Kartomiharjo (1987:7) ngandharake ing saben langkah lan saben ambegane mangungsa mesti nggunakake basa kang maneka warna kanggo nyukupi kabutuhan uripe. Basa minangka sistem komunikasi, duweni makna kang mung ana sajrone kabudayan ing kene minangka wadhahe (Nababan,1986:51). Saking rakete gegayutan basa marang kabudayan lan wadhahe, saingga ndadekake rasa angel kanggo negesake tembung-tembung saka basa siji menyang liyane. Kabudayan kang dikarepake yaiku sakabehing sistem saka pakulinan-pakulinan lan cara-cara urip pasrawungan, lan makarya ing sawijining kelompok. Panliten iki sipate deskriptif. Dhata kang ana ing panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan yaiku sing diucapake dening para panjak ing wewengkon Nganjuk, banjur ditulis tangan iki klebu dhata primer lan ora ana dhata sekunder sing dijupuk saka buku, kamus, jurnal, makalah, karya ilmiah, lan sapanunggale sing gegayutan karo punjere panliten. Sumber dhatane yaiku sumber substantif  lan sumber lokasional. Tata cara nglumpukake dhata nganggo metode lan teknik observasi, wawancara lan nyatet. Tata cara ngandharake nganggo metode konteks lan teks, dene njlentrehake dhata kanthi cara deskriptif. Pungkasane, kanggo nglapurake asile panliten kagunakake metodhe informal, kanthi cara migunakake tetembungan biasa lan formal kang ateges migunakake uga lambang-lambang lan simbol. Adhedhasar andharan bisa kadudut: Sepisan, wujud basane kaperang dadi 5 (lima), yaiku: (1) Wujud Tembung Wancahan, (2) Wujud Tembung Plutan, (3) Wujud Wangsalan/Cangkriman?, (4) Wujud Singkatan, lan (5) Gabungan Maneka Warna Proses Pambangune Tembung. Kapindho, ngenani pambangune wanda kaprinci dadi: Puncak Suku; Puncak Suku + Koda Suku; Tumpu Suku + Puncak Suku; Tumpu Suku + Puncak Suku + Koda Suku; Puncak Suku + Koda Suku + Puncak Suku; Ora Cetha Polane; lan Satembung Sapola. Katelu, miturut ragam basa kang kagunakake, kaprinci dadi 2 (loro) yaiku  ngenani: (1) Alih Kodhe lan (2) Campur Kodhe.     Tembung wigati: wujud basa, slang, lan panjak

Metrics

  • 79 views
  • 14 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more