Kesenian Jidor Sentulan Ing Dusun Sentulan, Desa Bongkot,kab. Jombang(tintingan Folklor)

Nonie Boedi Varienda
Journal article Jurnal Online Baradha • 2015

Download full text
(Bahasa Indonesia, 14 pages)

Abstract

KESENIAN JIDOR SENTULAN ING DUSUN SENTULAN, DESA BONGKOT, KAB.JOMBANG (TINTINGAN FOLKLOR)   Nonie Boedi Varienda, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Nonieboedivarienda@yahoo.co.id     Abstrak Folklor iku perangan saka kabudayaan. Folklor yaiku saperangan kabudayan kolektif kang sumebar lan diwarisake kanthi turun-temurun kanthi cara tradhisional.  Folklor kaperang dadi telung jinis, yaiku folklor lisan, folklor saperangan lisan, folklor dudu lisan. Panliten iki kalebu jinis folklor dudu lisan amarga dijlentrehake kanthi cara tuladha (praktek) lan dijangkepi gerak isyarat (tari).  Kesenian Jidor Sentulan iki salah sawijine kesenian kang ngrembaka wiwit biyen nganti saiki ing Kabupaten Jombang. Bab kang narik kawigaten saka panliten iki, antarane yaiku kesenian iki kairing sholawat Nabi, lan upacara ritual kang ndudohake panyawijen antarane animisme lan dinamisme. Kajaba iku ing kesenian iki uga minangka sarana kanggo syiar agama Islam. Bab kang dadi underane panliten iki, yaiku : (1) Kepriye mula bukane madege Kesenian Jidor Sentulan?; (2) Kepriye wujud lan makna ubarampe Kesenian Jidor Sentulan ?; (3) Kepriye tata rakite Kesenian Jidor Sentulan? ; (4) Kepriye pigunane Kesenian Jidor Sentulan?; (5) Kepriye owah gingsere budaya sajrone Kesenian Jidor Sentulan?. Panliten iki nduweni paedah ing antarane, yaiku: (1) Panliten iki dikarepake bisa kanggo nambah wawasan sajroning nyinaoni budaya Jawa; (2) Kanggo nuwuhake rasa perduli marang warisan kabudayan Kesenian Jidor Sentulan supaya ora muspra katerak jaman; (3) Kanggo nambah wawasan supaya para pamaos lan panulis bisa mangerteni lan luwih nggatekake maneh marang lestarine kesenian tradhisional, mligine Kesenian Jidor Sentulan; (4) Kajian iki dikarepake kanggo menehi informasi tumrap pemerintah dhaerah supaya seni budaya dhaerah ing Desa Bongkot, kecamatan Peterongan, Kabupaten Jombang iki bisa tetep ngrembaka. Teori kang digunakake kanggo nintingi objek panliten iki, yaiku panliten folklor. Bab wujud lan makna ubarampe panliten iki nggunakake teori folklor Brunvard kang ngandharake wujude folklor kang diperang dadi telung warna, yaiku : (1) folklor lisan (menifact), (2) folklor saperangan lisan (sosiofact), (3) folklor dudu lisan (artifact). Babagan piguna nggunakake teori konsepe Bascom ngandharake yen pigunane folklor ana papat. Ngenani konsep owah-owahane kabudayan digunakake teori konsepe Sukarman. Panliten iki ditintingi kanthi metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata kang diklumpukake ing panliten iki awujud tembung-tembung utawa ukara lan gambar. Kanggo nemokake dhata kang valid, dhata diklumpukake kanthi observasi, wawanrembug lan dhokumentasi. Pratelan asile panliten iki njlentrehake ngenani Owah Gingsire Budaya sajrone Kesenian Jidor Sentulan yaiku babagan gegambarane Desa Bongkot, mula bukane Kesenian Jidor Sentulan kang dadi sumber sejarah mlebune agama Islam ing Dusun Sentulan, Desa Bongkot. Wujud lan makna ubarampe ing panliten iki, yaiku ana sandhingan, omben, tumpeng, cok bakal, menyan, kendhi. Tatarakite Kesenian Jidor Sentulan yaiku urut-urutan pagelaran saka wiwitan nganti pungkasan. Piguna ing panliten iki, yaiku minangka sarana dhakwah agama Islam,  minangka sarana upacara adat, minangka ngugemi nadzar, minangka panglipur, dene Owah gingsire Kesenian Jidor Sentulan iki, yaiku ing babagan ubarampe, paraga, busana lan piguna.  

Metrics

  • 237 views
  • 95 downloads

Journal

Jurnal Online Baradha

Jurnal Online Baradha merupakan jurnal online Program Studi S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa... see more